Postingan

Menampilkan postingan dengan label Lamaran

Sambutan Khitbah (Pinangan) dari Pihak Wanita

Bismillahirrohmanirrohim. Alhamdulillaahi robbil ‘aalamiin, was-sholaatu was salaamu ‘alaa asyrofil anbiyaa-i wal mursaliin, sayyidina muhammadin, wa’ala alihi wa sahbihi aj’ma’iin, Robbi srohli sodri, wa yassirli amri, wahlul 'uqdatam mil lisani, yafqohu qouli. amma ba’du • Dumateng para alim ulama, para kiai, para ustadz ingkang tansah dimulyakake dening Allah. • Dumateng para sesepuh, pinisepuh ingkang tansah dihormati lan kinabekten. • Saha dumateng para bapak, para ibu, para sedherek sedaya rombongan saking pihak jaler ingkang kulo hormati., Ingkang sepisan, sumangga kita ngaturaken puji lan syukur wonten ing ngarsanipun Allah SWT, amargi ing dinten ingkang berkah menika kita saged bermujalasah (makempal) wonten ing acara menika kanthi kahanan sehat wal afiat mboten wonten alangan satunggal punapa. Shalawat sarta salam mugi tansah katur kagem junjungan kita, Nabi Agung Muhammad SAW, dalah kulawarga, lan shahabat- shahabatipun, kanti ucapan “Allahumma shalli 'ala s...