Sambutan Khitbah (Pinangan) dari Pihak Wanita
Bismillahirrohmanirrohim.
Alhamdulillaahi robbil ‘aalamiin, was-sholaatu was salaamu ‘alaa asyrofil anbiyaa-i wal mursaliin, sayyidina muhammadin, wa’ala alihi wa sahbihi aj’ma’iin,
Robbi srohli sodri, wa yassirli amri, wahlul 'uqdatam mil lisani, yafqohu qouli. amma ba’du
• Dumateng para alim ulama, para kiai, para ustadz ingkang tansah dimulyakake dening Allah. • Dumateng para sesepuh, pinisepuh ingkang tansah dihormati lan kinabekten. • Saha dumateng para bapak, para ibu, para sedherek sedaya rombongan saking pihak jaler ingkang kulo hormati.,Ingkang sepisan, sumangga kita ngaturaken puji lan syukur wonten ing ngarsanipun Allah SWT, amargi ing dinten ingkang berkah menika kita saged bermujalasah (makempal) wonten ing acara menika kanthi kahanan sehat wal afiat mboten wonten alangan satunggal punapa. Shalawat sarta salam mugi tansah katur kagem junjungan kita, Nabi Agung Muhammad SAW, dalah kulawarga, lan shahabat- shahabatipun, kanti ucapan “Allahumma shalli 'ala sayyidina Muhammad wa 'ala ali sayyidina Muhammad”, mugi mugo kulo panjenengan sami ingkang rawun wonten ing acara meniko pikantuk syafaatipun wonten ing dunyo dumugi akhirat (fid-dunya wal-akhirah) luwih-luwih syafa'atul udzma wonten ing dinten kiamat mangke.amin-amin yarobbal alamin.
Bapak, Ibu ingkang kulo hurmati,
Ingkang kaping kalih, kula minangka talanging atur kulawarga utawi shohibul bait ngaturaken marhaban ahlan wa sahlan bihudurikum, sugeng rawuh lan matur nuwun sanget kagem rawuh panjenengan sedaya. Rawuh panjenengan saestu dados kehormatan lan kebahagiaan kagem kulawarga. Ingkang kaping tiga, Supados luwih ngraketaken silaturahmi wonten ing wekdal menika, kulo badhe nepangaken sawetara anggota kulawarga saking mbak Narumi:
- Ingkang sepisan, inggih punika Bpk JAMIAN lan Ibu JUMINAH, tiyang sepahipun mbak Narumi.
- Saklajengipun, mbak Reza Maulina rayinipun (adikipun) mbak Narumi.
- Saklajengipun, Bpk Rawan mbah kakungipun mbak Narumi
- Lan kulo piyambak, Moh Sudardi paklekipun mbak Narumi.
Sanesipun menika, sejatosipun taksih katah anggota kulawarga sanes ingkang ndherek rawuh wonten ing wekdal menika, nanging mboten saged kulo sebataken setunggal-setunggal amargi winatesipun wekdal. Mugi-mugi senadyan mboten dipunsebat sedaya, sesambungan silaturahmi antawisipun kulawarga kekalih saged tansah raket salajengipun.
Ingkang kaping sekawan, ngenani maksud lan tujuan Bpk MUSTOFA dalah ibu SUHARTI rawuh wonten mriki kados ingkang sampun dipun ngendikaaken dening panjenenganipun Bapak …., kula minangka wakil kulawarga temtunipun mboten saged mutusaken piyambak. Pramila, kula badhe nyuwun pirsa langsung marang Mbak NARUMI.
Mbak NARUMI, sampean mau wes mireng dewe, Yen rawuhe Bpk MUSTOFA dalah ibu SUHARTI, duwe maksud ngelamar / mengkhitbah sampean, arepe di jodohke putra kakunge sing asmane Mas M AFIF SYAIFULLAH, opo Mbak NARUMI gelem Nompo lamarane mas M AFIF SYAIFULLAH?
“Kula nampi lamaran lan niyat sae saking Mas M AFIF SYAIFULLAH”
Alhamdulillah….. Mbak NARUMI purun nampi lamaran ipun Mas M AFIF SYAIFULLAH kanthi ikhlan, suko lan bingahing manah,
Sak lajengipun kulo nyuwun pirsa ugi dumateng Bpk lan ibukipun Mbak NARUMI, Bapak JAMIAN dalah Ibu JUMINAH menapa panjenengan setuju lan paring restu kalian pilihanipun Mbak NARUMI?
“gih setuju”
Alhamdulillah …. Bpk lan ibu sampun setuju lan paring restu dumateng Mbak NARUMI lan Mas M AFIF SYAIFULLAH ingkang bade nindakaken prentahipun Allah lan Sunnah Rasulullah SAW, lan mugi-mugi niat suci meniko pikantuk ridhanipun Allah SWT aamiin yra.
Bapak, Ibu ingkang kulo hurmati,
Kula minangka wakil saking Bapak JAMIAN dalah Ibu JUMINAH, nandesaken malih kanthi maos Bismillahirrohmanirrohim, kula tampi kanthi bingahing penggalih lan asta kalih lamaran saha sedaya niyat sae Mas M AFIF SYAIFULLAH dalah kulawarga.
Salajengipun, wonten sekedhik piweling kanggo Mbak NARUMI lan Mas M AFIF SYAIFULLAH. Sampeyan kekalih sakmenika sampun wonten ikatan, nanging tetep kudu saged njagi dhiri piyambak-piyambak. Kudu eling, ikatan iki dhasaripun dereng ngahalalaken sampeyan kekalih. Mila, sing saged njagi martabat kulawarga, manut aturan adat, lan sing paling utama nggih menika aturan agami Islam.
Insyaallah, kita sedoyo tiyang sepuh dongaake lan badhe tansah nyengkuyung lampahipun sampeyan ingkang bade mbangun rumahtangga ingkang sakinah, mawaddah, wa rahmah..
Lan menika wonten sekedhik parikan (pantun) Bapak Ibu:
- Kangge nopo arto melimpah
- Yen mboten purun sedekah
- Kangge nopo wonten khitbah
- Yen mboten enggal-enggal nikah
Leres mboten, Bapak Ibu? Mugi-mugi sasampunipun acara khitbah utawi lamaran punika, sedaya urusan saged dipun-lancaraken ngantos dinten pernikahan mangke.
Ingkang angka gangsal, Ngenani sedaya bentuk seserahan lan oleh-oleh ingkang dipunparingaken, kula sakulawarga ngaturaken matur nuwun sanget. Sedaya sae sanget, katah sanget, lan migunani kagem kulawarga wonten mriki. Mugi dados berkah kagem kita sedaya. Kula sakulawarga mboten saged mbales punapa-punapa, mugi Allah SWT ingkang piwales kanthi kesaenan ingkang tikel matikel, amin.
Ingkang angka enem, Dene prakawis salajengipun kados ta nemtokaken dinten ijab qobul saha sanes-sanesipun, mangke badhe dipun-rembag sasampunipun adicara sambutan menika paripurna. Ananging, bilih dinten menika dhereng saged nemtokaken dinten ingkang sae saha kebak berkah, pirembagan kasebat mangke saged dipun-lajengaken wonten ing dinten sanes ingkang dipun-sarujuki sesarengan..
Ingkang pungkasan, Kula sakulawarga nyuwun gunging samodra pangaksami, mbok bilih anggen kawula nampi rawuh panjenengan sedaya wonten kuciwaning tatakrama, kiranging papan palenggahan, lan suguhan ingkang dhereng saged maremaken penggalih panjenengan.
Salajengipun, sumangga silaturahmi dinten menika dipun-lajengaken kanthi sekeca lan Kebak raos sukur, mugi Allah SWT tansah maringi berkah kagem kita sedaya.
Wabillahi taufiq wal hidayah,
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Komentar